downloadlagu-76.com

Download lagu Jogja Hip Hop Foundation - Ngelmu Pring mp3 & video

Download lagu Jogja Hip Hop Foundation - Ngelmu Pring dengan kualitas tinggi. Lagu ini masuk dalam album Semar Mesem Romo Mendem. Kamu juga bisa download Album ini secara full dengan gampang. Album ini dirilis pada tahun 2013. Jangan lupa kamu cek juga lagu lainnya dari Jogja Hip Hop Foundation

Artis Jogja Hip Hop Foundation
Judul Ngelmu Pring
Album Semar Mesem Romo Mendem
Rilis 2013

Link Download Jogja Hip Hop Foundation - Ngelmu Pring

Lirik Lagu Ngelmu Pring

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring deling, tegese kendel lan eling (ling)
Kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing (wing)
Pring kuwi suket (ket), dhuwur tur jejeg (jeg)
Rejeki seret (ret), rasah dha buneg (neg)

Pring ori, urip iku mati (ti)
Kabeh sing urip mesti bakale mati (ti)
Pring apus, urip iku lampus (pus)
Dadi wong urip aja seneng apus-apus (pus)

Pring petung, urip iku suwung (wung)
Sanajan suwung nanging aja padha bingung (ngung)
Pring wuluh (luh), urip iku tuwuh (wuh)
Aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh (ruh)

Pring cendani (ni), urip iku wani (ni)
Wani ngadepi aja mlayu marga wedi (di)
Pring kuning (ning), urip iku eling (ling)
Wajib padha eling, eling marang Sing Peparing (ring)

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring iku mung suket
Ning omah asale seka pring
Usuk seka pring, cagak seka pring
Gedhek iku pring, lincak uga pring
Kepang cetha pring, tampare ya mung pring

Kalo, tampah, serok, asale seka pring
Pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring
Mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring
Jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring

Nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring
Pancen penting tumraping manungsa sing dha eling (ling)
Eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine

Wong urip kudu eling (ling), iso urip seka pring (pring)
Tekan titi wancine ya digotong nganggo pring (pring)
Bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring (pring)
Mulane padha eling, elinga Sing Peparing

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Ora bakal bubrah (brah) marga iso melur (lur)
Kena dinggo mikul (kul), ning aja ketungkul (kul)
Urip kuwi abot (bot), ja digawe abot (bot)
Akeh repot (pot), sak trek ora amot (mot)

Mulane uripmu (mu) aja dha kaku (ku)
Melura, pasraha (ha) rasah dha nesu (su)
Aja mangu-mangu (ngu) ning terus mlaku (ku)
Sanajan ro ngguyu (yu) aja lali wektu (tu)

Kowe bakal bisa (sa) urip rekasa (sa)
Ning kudu percaya (ya) uga sregep ndonga (nga)
Gusti paringana (na) luwih pangapura (ra)
Marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa (sa)

Aja nggresula (la), aja wedi (di)
Dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti (ti)
Ngatur urip lan mati (ti), nyukupi rejeki (ki)
Paring tentreming ati
Cukup sandang pangan papan
Bakal mukti pakarti

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Pring reketeg gunung gamping ambrol
Ati kudu teteg, ja nganti uripmu kagol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg, nek ra eling jebol

Video Ngelmu Pring

loading..
Download Lagu Mp3 Terbaik 2024
Download Lagu Terlengkap 2024, Download Mp3 dan video, Gudang Lagu